Senin, 18 Agustus 2014

melody peterpan

halaman kadaluarsa

pawarta basa jawa terbaru di jawa

CONTOH PAWARTA BAHASA JAWA
semoga bermanfaat bagi teman teman semua

KRUPUK ABANG PUTIH
Bantul, www.jogjatv.tv – Ing taun 70-an, krupuk pohung, ingkang namanipun  krupuk abang putih,  mujudaken nyamikan ingkang mirunggan. Sinaosa bahan bakunipun glepung tapioka lan cara ngocalipun prsaja, ananging krupuk punika, sakelangkung miraos, boten kawon kaliyan krupuk damelan pabrik. Ananging awit pangrembakaning  jaman, krupuk punika tansaya kadhesuk, satemah cacahing perajin kantun sekedhik. 
Padhukuhan Klisat Srihardono Pundong Bantul, wiwit jaman kamardikan kawentar minangka teleng  produksi krupuk abang putih. Warga  ing desa kasebat, rikala samanten racak makarya minangka perajin  krupuk pohung punika. Nanging samangke cacahing perajin krupuk abang putih,  kantun sekedhik. Mratahipun krupuk damelan pabrik njalari krupuk abang putih, kirang dipun pikajengi  masyarakat.
Sabar, satunggaling perajin krupuk abang putih, mratelakaken, saben dinten ngocal 50 ngantos 70 kg glepung tapioka, kangge damel krupuk,  suda kathah tinimbang 15 taun kapengker. Rikala semanten Sabar damel  krupuk ngantos sa-ton saben dinten, dipun biyantu dening welasan tanaga karya. Samangke Sabar ndamel krupuk nasionalis punika namung kaliyan semahipun. Regi krupuk abang putih mentah Rp 18.000,00 saben kilo . Samangke panyadenipun saya winates, namung dipun sade dhateng  Imogiri iring kidul lan Kecamatan Panggang.
Awit saking punika, para perajin ngajab  pemerintah cawe-cawe  milujengaken produksi krupuk mirunggan saking Pundong punika.
0

Tambahkan komentar